Wayang Hip Hop - Pocung (Ngelmu Iku)

Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinte-er.
Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Nah ,mulane dadi bocah sing sregep sianu
Ben pin ? Ben Pinter
Ning nek wis pinter yo ojo terus nggo minteri kancane ya?
Kudu tetep nyekel piwulang luhur lan budi pekerti
Supaya pinter ning ora keblinger

Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinte-er.
Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Belajarlah engkau sampai ke negri cina
Menuntut ilmu tak terbatas ruang dan usia.
Gantungkan cita - cita mu setinggi langit,
Jangan pernah menyerah walau berawal pahit.

Slagi muda hey kawan jangan sia - siakan waktumu.
Teruslah brusaha kejar impianmu jangan ragu.
Singsingkan lengan baju yo terus maju,
Dunia berharap cemas masa depan menunggu.

Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinte-er.
Ela-elo si kebo numpak sekute-er,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Ojo gelem koyo kebo thela-thelo mergo bodho,
Ora kasil gampang nglokro ngalor ngidul di plekotho,
Jamane soyo maju, kudu banter le mlayu,
Jamane soyo cangggih ojo ingah ingih.
Bocah enom kudu sing wani waton bener rausah wedi,
Kendel bandel tur mrantasi,
Nanging ojo ninggal marang piwulang budi pekerti.

Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinter.
Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Jangan pernah menyerah hapuskan rumus kalah,
Tiada kata akhir meski semua mencibir.
Katakan Juara meski semua menatap hina ku sang pemenang
Semua rintangan ku terjang.

Ngelmu iku kelakone kanthi laku.
Lekase lawan kas.
Tegese kas nyantosani.
Setya budya pangekese dur angkoro.

Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinter.
Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Uwong bodho mbok ojo sok ngaku pinter.
Ela-elo si kebo numpak sekuter,
Sopo bodho dadi pangane wong pinter.

Download Song

Wayang Hip Hop - Salin Srengat

Anenggih menika ta warna nira negari ngastina
Sabubare perang gedhe kang sinebut baratayudha
Negari katingal subur nanging ora makmur
Gemah nanging ora ripah
Karto ora toto tur ora raharjo
Wauta nalika semana negari ngastina

Ngastina wis kalah perang
Bratayudha amungkasi
Pandawa uripe mulyo
Slegrang-slegreng lungguh kursi

Ngastina wis kalah perang
Bratayudha amungkasi
Pandawa uripe mulyo
Ngunjuk Anggur Dhahar Roti

Iki cerito asale saka Negara ngastina
Sabubare perang gedhe baratayudha
Pendawa bungah (bungah), dadi pemerintah
Kurawa kalah (kalah), ngastina dijajah

Di rampok impene uripe tansah susah
Arep seneng sithik wae wis pada di jarah
Sedina mangan pisan kuwi jarene lumrah
Apa maneh dinggo ragad anake sekolah

Mangka biyen kondang ngastina gemah ripah
Tata titi tentrem rukun padha manembah
Nadyan beda penemu nanging ra tau congkrah
Ning saiki beda sithik wae mesti keno fitnah

Kalah.. wong kalah mono kudu gelem ngalah
Ngalah.. wis gelem ngalah kudu ngaku salah
Bubrah !! ngestina saiki wis bubrah..
Uteke wis kena lara komplikasi parah

Lho.. jare pendawa kuwi berbudi bawa leksana
Lha yo bener, nanging biyen sakdurunge padha kemul bandha
Kowe aja ngawur, pandawa kuwi satria sejati
Kuwi biyen.. sak durunge tepung sing jeneng korupsi

Malah kabare saiki wis wiwit podho mbagusi
Ora eling marang sangkan paraning dumadi
Perjuangan lan lelabuhan wis ora diregani
Nganggo gaman Demokrasi kanggo nggolek bathi

Ngastina wis kalah perang
Bratayudha amungkasi
Pandawa uripe mulyo
Setelan Jas Neng Seneng Ngapusi

Ngastina wis kalah perang
Bratayudha amungkasi
Pandawa soyo ra cetho
Janjine ratau dadi

Kowe ojo ngawur... iki fakta duluurr
Kowe ojo waton... alah iki wis kelakon
Mbok ojo dleweran ... iyo ngalah iki kasunyatan
Lha opo buktine ... kowe-aku wis ngerasake

Maling mobile malah kimpling
Copet umure awet
Garong omahe magrong-magrong
Pungli sansaya ndadi

Sing salah podho bungah-bungah
Sing bener dho klenger
Sing kleru podho mesem ngguyu
Sing jujur dho ajur

Sing bejat malah podho mberkat
Sing suci di benci
Sing ngawur pangkate duwur
Sing nggenah di fitnah

Eling poma dipun eling yen gusti ora sare.
Mesthi krungu sambate kawula kang susah uripe.
Sopo kang mbibiti olo ing kono bakale sirna.
Sopo ingkang bener bakale tinemu.

Surodiro jayaningrat lebur di neng pangastuti

Download Song